KHUTBAH JUM'AT_Prof DR. KH. Abdul Ghofur


Intisari Khutbah Jum'at
Oleh : Prof DR. KH Abdul Ghofur
Masjid Jelaq, Jum'at 13 Juli 2018/29 Syawal 1439.
بسم الله الرحمن الرحيم الحمد لله رب العالمين والصلاة والسلام على سيدنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين.

Hadirin sedoyo ingkang minulyo, Gusti Alloh sampun dawuh :
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا ادْخُلُوا فِي السِّلْمِ كَافَّةً وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ.
Ingkang maksudipun kito sedoyo dipun perintah supados dados Muslim ingkang sempurno.
Wonten ayat lintu maleh ugi disebutaken:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ.
Kelawan ayat niki kito ugi dipun suwun
supados saget nyampurnaaken Islam sakderenge sowan dumateng ngersanipun gusti Alloh.

Hadirin sedoyo ingkang minulyo, supados Islam kito saget sampurno nggeh monggo kito sedoyo nyempurnaaken Rukun Islam ingkang wonten 5.

Alhamdulillah syahadat sampun, sholat nggeh sampun, zakat kale poso ugi sampun, kantun setunggal inggih puniko haji. Kenyataane mboten sedoyo umat Islam diparingi kesempatan saget nindaaken haji, sehinggo benjing menawi sampun kepanggih gusti Alloh ten akhirat saget nelongso,,, mergi islame dereng sampurno....

Hadirin sedoyo ingkang minulyo, lajeng pripun??, Ingkang dereng diparingi kesempatan saget nindaaken haji kedah pripun??.
Pun kuatir, tasek wonten jalan keluar dugi Kanjeng Nabi SAW, inggih puniko kito kedah tansah niyat, niyat, niyat,,, kepingin, kepingin lan kepingin nindaaken Haji. Kelawan barokah niyat lan kepinginan niki benjing kito ten akhirat dipun catet sampun ngelampahi Haji kanti Haji ingkang Mabrur.

Dipun terangaken wonten setunggalipun hadits, ten akhirat benjing pas wayahe amal ditimbang wonten salah setunggale tiyang dipun timbali kelawan predikat Haji, padahal tiyang niku pas zaman ten dunyo-ne mboten nate ngelampahi haji, ternyata niki gara-gara piyambak'e mboten leren² olehe kepingin ninda'aken Haji, bahkan akhire tiyang niki dipun lebetaken suargo tanpo dihisab.

Hadirin sedoyo ingkang minulyo, mekaten khutbah Jum'at puniko, mugi²o kito sedoyo saget nindaaken haji lan saget mlebet suargo bareng-bareng.... Aamiin...

Masykur Amin, 13 Juli 2018
(Khuwaidmil Ma'had Sunan Drajat)

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel